Tip:
Highlight text to annotate it
X
26.Bareng wus nyandhak nem sasiné, Allah ngutus malaékat Gabrièl menyang Nasarèt, ing wilayah Galiléa,
27.nemoni prawan kang pacangan karo wong kang aran Yusuf, tedhaké Daud. Prawan mau asmané Maria.
28.Nalika malaékat mau lumebet ing omahé Maria, banjur ngandika, "Salam, kowé kang kinasihan, Pangéran tansah nganthi marang kowé."
29.Krungu pangandika mangkono iku Maria kagèt, lan pitakon ing sajroning ati, apa tegesé iku.
30.Malaékat nuli ngandika, "Aja wedi, Maria, awit kowé olèh sih-kanugrahan ana ing ngarsaning Pangéran.
31.Lah kowé bakal ngandheg lan bakal nglairaké anak lanang. Iku jenengna Yésus.
32.Bocah mau bakal pinunjul lan kasebut Putraning Allah Kang Mahaluhur. Apadéné Allah bakal maringaké dhamparé Daud, leluhuré, marang Panjenengané.
33.Panjenengané bakal jumeneng dadi Rajaning para turuné Yakub nganti salawas-lawasé, sarta kratoné iku bakal ora ana wekasané."
34.Maria banjur matur marang malaékat mau, "Punika sagedipun kalampahan kadospundi, jalaran kawula dèrèng émah-émah?"
35.Paring wangsulané malaékat, "Roh Suci bakal nedhaki kowé, sarta kwasané Kang Mahaluhur bakal ngayomi kowé; mulané bayi kang bakal lair iku bakal kasebut suci, Putraning Allah.
36.Lah Élisabèt, sadulurmu, kang wus tuwa iku, iya lagi ngandhut anak lanang, déné sapréné wus nem sasi, mangka wus diarani gabug.
37.Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal."
38.Maria banjur munjuk, "Sumangga, kawula punika abdinipun Pangéran; tumrap kawula kalampaha kadosdéné ingkang Paduka ngandikakaken." Sawusé mangkono malaékat mau banjur jengkar nilar Maria.
18.Anadéné wiyosé Yésus Kristus iku kalakoné mangkéné: Nalika Maria kang ibu lagi pacangan karo Yusuf, sadurungé tunggal sapaturon, tinemu wis ngandheg marga saka Roh Suci.
19.Sarèhné Yusuf bojoné iku wong mursid sarta ora gelem mirangaké Maria ana ing ngarepé wong akèh, mulané sumedya medhot pacangané kanthi sesidheman.
20.Nanging bareng lagi duwé gagasan mangkono iku, tumuli ana malaékating Pangéran ngatingali sajroning pangimpèn, dhawuhé, "Hé, Yusuf, tedhaké Daud, aja sumelang anggonmu ngepèk Maria dadi bojomu, awit Putra kang kabobotaké iku marga saka Roh Suci,
21.sarta Maria bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yésus; awit iya iku kang bakal ngluwari umaté saka ing dosané."
22.Iku mau kabèh kelakon supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran lantaran nabi, mangkéné,
23."Lah, sang kenya bakal nggarbini sarta mbabar putra kakung, kang asmané bakal sinebut Imanuèl, tegesé: Allah nunggil kalawan kita."
24.Satanginé turu, Yusuf banjur ngèstokaké kayadéné kang kadhawuhaké déning malaékating Pangéran, lan nampani Maria dadi bojoné,
25.nanging ora diwori turu, nganti tumekané wus mbabar putra, kang banjur dinamakaké Yésus.
39.Ora watara suwé, Maria énggal-énggal tindak menyang kutha ing pagunungan Yéhuda.
40.Bareng lumebet ing dalemé Zakharia tumuli uluk-salam marang Élisabèt.
41.Kocapa nalika Élisabèt midhanget uluk-salamé Maria, bayi kandhutané nggronjal, lan Élisabèt tumuli kapenuhan ing Roh Suci,
42.sarta kalawan sora ngandika, "Kowé binerkahana ana ing antarané wong wadon kabèh, lan binerkahana kandhutanmu.
43.Sapa ta aku iki, déné nganti karawuhan ibuné Gustiku?
44.Amarga sanyatané, bareng aku krungu uluk-salammu, bayi kandhutanku nggronjal, marga saka senengé.
45.Rahayu wong kang wus pracaya, sabab apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, mesthi bakal kelakon."
1.Nalika samana Kaisar Agustus paring dhawuh, dianakna cacah-jiwa tumrap wong saindenging jagat.
2.Iki cacah-jiwa kang kapisan kang kaanakaké nalika Kirénius jumeneng gubernur ing Siria.
3.Mulané wong-wong kabèh banjur padha mangkat arep ndhaftaraké, saben wong menyang kuthané dhéwé-dhéwé.
4.Mangkono uga Yusuf iya mangkat saka Nasarèt, wilayah Galiléa menyang Yudéa, kuthané Daud, kang aran Bètléhèm -- amarga asalé saka ing brayat lan tedhaké Daud --
5.supaya didhaftaraké bebarengan karo Maria, pacangané, kang lagi ngandheg.
6.Bareng wus tekan kono, Maria anggoné ngandheg wus tekan wektuné babaran,
7.banjur mbabar putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan disèlèhaké ing pamakanan, sabab padha ora komanan panggonan ana ing papan panginepan.
8.Kacarita ing tlatah kono ana para pangon kang padha nginep ing ara-ara njaga pepanthaning kéwané ing wayah bengi.
9.Dumadakan ana malaékating Pangéran jumeneng ing sacedhaké sarta padha kasorotan ing cahya kamulyané Pangéran satemah padha wedi banget.
10.Malaékat mau tumuli ngandika marang wong-wong mau, "Aja padha wedi, lah kowé padha dakwartani kabungahan gedhé, kang bakal kaparingaké tumrah sabangsa kabèh:
11.Ing dina iki wus miyos Juruslametmu, yaiku Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthané Daud.
12.Déné kang minangka tengerané marang kowé, mangkéné: Kowé bakal mrangguli bayi kagedhong sumèlèh ing pamakanan."
13.Dumadakan ana balatantra swarga kang akèh banget cacahé, kang mbarengi malaékat mau sarta padha memuji marang Allah, sabdané,
14."Kamulyan kagem Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu ana ing bumi, ing antarané manungsa kang dadi renaning panggalihé."
15.Sapengkeré para malaékat menyang swarga, para pangon mau padha sapocapan mangkéné, "Payo, padha menyang Bètléhèm, ndeleng apa kang wus kelakon ing kana, kaya kang wus kapangandikakaké déning Pangéran marang kita."
16.Banjur padha énggal-énggal mangkat, tumuli ketemu karo Maria lan Yusuf, apadéné Jabang-bayi, kang sumèlèh ing pamakanan.
17.Bareng wus padha nyumurupi, banjur padha nyritakaké apa kang wis kapangandikakaké bab Jabang-bayi iku.
18.Wong kabéh kang padha krungu critané para pangon mau padha gumun.
19.Nanging Maria nyathet iku mau kabèh ana ing sajroning atiné lan dirasak-rasakaké.
20.Para pangon tumuli padha bali kalawan memuji lan ngluhuraké Allah, marga sabarang kang wis dirungu lan dideleng iku, cocog karo kang wis kapangandikakaké marang wong-wong mau.
1.Nalika Yésus wus miyos ana ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, yaiku nalika jamané Raja Hérodès, lah ana para pandhita saka Wétan padha teka ing Yérusalèm
2.lan takon-takon, "Rajanipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos punika wonten ing pundi? Margi kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing Wétan, déné anggèn kula mriki punika badhé sami sujud wonten ing ngarsanipun."
3.Bareng miyarsa kang mangkono iku, Hérodès banget geteré, mangkono uga wong sakutha Yérusalèm kabèh.
4.Banjur nimbali sakèhé para pangareping imam lan para ahli Torèt bangsa Yahudi, lan padha kadangu ana ngendi Sang Kristus bakal miyos.
5.Unjuké kang padha kadangu, "Wonten ing Bètlehèm, wilayah Yudéa, awit ingkang sampun kaserat déning nabi, makaten:
6.Anadéné sira, hé Bètlehèm wilayah Yéhuda, sira iku babar pisan ora kang cilik dhéwé ana ing antarané para kang ngasta papréntahan ing wilayah Yéhuda, amarga saka sira bakal ana panutan miyos, kang bakal ngengon umatingsun Israèl."
7.Hérodès banjur nimbali para pandhita mau kanthi sesidheman, padha kadangu kanthi tlesih bab wektu katoning lintangé;
8.nuli padha didhawuhi menyang Bètlehèm sarta kaweling, "Padha mangkata, ***-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, déné samangsa wus ketemu, énggal padha ngaturana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana nyembah marang Panjenengané."
9.Para pandhita sawisé ngrungu dhawuhé raja iku, banjur padha mangkat. Lah nalika iku, lintang kang wis kadeleng ana ing Wétan mau, nuntun lakuné para pandhita nganti tekan papan kang katuju, lan banjur mandheg ing sandhuwuré padunungané Sang Timur.
10.Bareng weruh lintangé, padha bungah banget.
11.Banjur padha lumebu ing omah lan ndeleng Sang Timur karo Maria kang ibu, nuli padha sujud nyembah marang Panjenengané. Tumuli padha mbukaki pethiné raja-brana, Padha nyaosaké pisungsung marang Panjenengané arupa mas, menyan lan blendok mur.
12.Sabanjuré, sarèhné padha diélingaké ing sajroning impèn, supaya aja bali sowan ing ngarsané Hérodès, mula mulihé menyang tanahé padha metu dalan liya.
13.Sapungkuré para pandhita mau tumuli ana malaékating Pangéran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn lan dhawuh, "Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsèkna menyang Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira. Awit Hérodès bakal nggolèki Sang Timur lan arep nyédani Panjenengané."
14.Yusuf tangi lan ing bengi iku uga nambut Sang Timur dalah kang ibu, tumuli ngungsi menyang Mesir,
15.lan manggon ing kana nganti sasédané Hérodès. Mangkono dadiné katetepan apa kang kapangandikakaké déning Pangéran, lantaran nabi, "Saka Mesir anggoningsun nimbali Putraningsun."
16.Bareng Hérodès pirsa yèn Panjenengané diapusi, banget dukané, banjur dhawuh matèni sakèhé bocah lanang ing Bètlehèm lan sakubengé, sing umur rong taun sapangisor, manut wektu kang kadangokaké kanthi tlesih marang para pandhita.
17.Kang mangkono iku, katetepan kang kapangandikakaké lantaran nabi Yérémia,
18."Ana swara kaprungu ing Rama, panangis lan pangadhuh kang banget; Rahèl nangisi anak-anaké lan emoh kalipur, awit anak-anaké wus padha ora ana."
19.Bareng Hérodès wis séda, ana malaékating Pangéran kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning impèn ana ing Mesir, kang dhawuh,
20."Tangia, Sang Timur lan kang ibu gawanen bali menyang Israèl, amarga sing padha ngarah sédané Sang Timur wus padha mati."
21.Yusuf banjur tangi, nambut Sang Putra lan kang ibu tumuli mangkat menyang Israèl.
22.Ananging bareng krungu pawarta, yèn Arkhélaus nggentosi kang Rama Hérodès jumeneng raja ing Yudéa, dadi sumelang yèn mrana. É***éné sarèhné diparingi pitedah ing sajroning impèn, banjur ngener menyang wilayah Galiléa.
23.Satekané ing kono, tumuli manggon ing kutha kang aran Nasarèt. Kang mangkono iku supaya katetepan apa kang kapangandikakaké déning para nabi, yèn Yésus bakal kasebut: Wong Nasarèt.
21.Bareng wis ganep wolung dinané, Bayi mau kudu disupiti lan banjur kaparingan asma Yésus, yaiku asma kang kapangandikakaké déning malaékat sadurungé kinandhut kang ibu.